Segara wedhi Atacama

Sagara wedhi Atacama (Spanyol: Desierto de Atacama) iku plato ing Amérika Kidul, sing mawujud larikan palemahan 1.000 kilomèter ing pasisiré Pasifik, ing bang kuloné Pagunungan Andes. Laladan iki minangka sagara wedhi non-kutub garing dhéwé sadonya.[1][2][3][4] Miturut prakiran, Sagara wedhi Atacama pérangan njero ambané 105.000 kilomèter pasagi,[5] utawa 128.000 kilomèter pasagi yèn èrèng ngisoré Gunung Andes sing garing dikatutaké.[6] Sagara wedhi iki kèh-kèhé dumadi saka laladan watu-watu, tlaga uyah (salares), wedhi, lan wlahar fèlsik sing ilèné ngener Andes.

Sagara wedhi Atacama
Sagara wedhi
Laladan Atacama difoto déning NASA World Wind
CountryChili
Area105,000 km2 (40,541 sq mi)
BiomeSagara wedhi
Pethané Sagara wedhi Atacama. Laladan sing ingaran Atacama ya iku sing wernané kuning. Sing wernané jingga iku laladan garing njaba ing iring kidulé Péru, Altiplano, Puna de Atacama lan Norte Chico.

Rujukan

Cathetan