Sudan Kidul
Sudan Kidul (Républik Sudan Kidul) iku laladan ing sakiduling Sudan lan katata saka sapuluh praja. Kutha krajan tlatah iki ya iku Juba. Ing tanggal 9 Januari 2011 ana referèndum ngenani kamardikan laladan iki. Manawa mayoritas pamilih sarujuk, talatah iki bakal mardika. Pamaréntah pusat ing Khartoum wis sarujuk prakara iki.Sudan Kidul dadi sawijining nagara mardika ing tanggal 9 Juli 2011 tengah wengi (00:00) wektu saenggon sawisé referendum sing dianakaké sasi Januari 2011 ngasilaké watara 99% pamilih milih misah saka Sudan.[9]
Republic of South Sudan Républik Sudan Kidul | |
---|---|
Motto: "Justice, Liberty, Prosperity" | |
Gunagita: "South Sudan Oyee!" | |
Kuthagara | Juba (bakal pindhah menyang Ramciel[1]) |
Brehakutha | Juba |
Jawatbasa | Inggris[2][3] |
Nagarabasa kawanuh | All South Sudanese indigenous languages[4] |
Wangsanama | Wangsa Sudan Kidul |
Papréntahan | Federal presidential democratic republic |
• President | Salva Kiir Mayardit |
• Vice President | Riek Machar |
Paukumkaryan | National Legislature |
• Ucagreha | Council of States |
• Nicagreha | National Legislative Assembly |
Mardika saka Sudan | |
• Prajanjèn Bedhamèn Umum | 6 Januari 2005 |
• Otonom | 9 Juli 2005 |
• Mardika | 9 Juli 2011 |
Pijembar | |
• Gunggung | 619,745 km2 (239,285 sq mi) (kaping 45) |
Population | |
• Cacahjiwa 2008 | 8.260.490 (disputed)[5] (94th) |
GKK (angka) | Pikira-kira 2011 |
• Gunggung | $13.227 milyar [6] |
• Saben wong | $1.546 [6] |
Artacihna | South Sudanese pound (SSP) |
Laladan wektu | UTC+3 (East Africa Time) |
Nyetir ing | tengen |
Kodhé bèl | +211[7] |
Sandi ISO 3166 | SS |
TLD internèt | .ss[8] (registered but not yet operational) |
Tanggal 14 Juli 2011, Sudan Kidul dadi nagara anggota PBB.[10] Nagara iki uga minangka anggota Uni Afrika. Sudan Kidul uga wis ndhaptar gabung karo Persemakmuran,[11] Komunitas Afrika Wétan,[12][13] Dana Monetèr Internasional,[14] lan Bank Donya.[15] Nagara iki uga dinyatakaké bisa ndhaptar kaanggotaan Liga Arab.