Arizona

Arizona (IPA: /ˌærɪˈzoʊnə, ˌerɪ-/) iku praja Amérika Sarékat kang dumunung ing kidul-kulon. Kutha krajan lan kutha gedhé dhéwéyaiku Phoenix. Lima kutha gedhé dhéwé liyané yaiku are Tucson, Mesa, Chandler, Glendale, lan Scottsdale.[3] Arizona iku minangka nomer 48 lan pungkasan saka praja ing Amérika Dharatan kang gabung menyang Union, yaiku ing tanggal 14 Fèbruari, 1912.[4] Arizona misuwur kanthi iklim ara-ara, panas banget ing mangsa panas lan amangsa anyep kang sedheng, lan tlatah dhataran dhuwur ing sisih lor kanthi alas pinus lan lemah pagunungan kanthi hawa kang luwih asrep tinimbang ing tlatah ara-ara kang luwih cendhèk. Populasi ing sasi Juli, 2006 nuduhaké yèn Arizona minangka praja kang tuwuh paling rikat ing Amérika Sarékat, ngluwihi tuwuhing praja Nevada kang sadurungé minangka praja kang paling rikat tuwuhing kang ndunungi.

State of Arizona
Flag of Arizona[[Image:|100px|State seal of Arizona]]
Flag of ArizonaSeal
Julukan: The Grand Canyon State,
The Copper State
Motto: Ditat Deus ("God enriches")
Map of the United States with Arizona highlighted
Map of the United States with Arizona highlighted
Basa resmiInggris
Basa wicaraInggris 74.1%,
Spanyol 19.5%,
Navajo 1.9%
DémonimArizonan
IbukuthaPhoenix
Kutha paling gedhéPhoenix
metro area paling gedhéPhoenix Metropolitan Area
Area Ranking 6th ing AS
 - Total113,998 sq mi
(295,254 km²)
 - Jembar310 miles (500 km)
 - Dawa400 miles (645 km)
 - % banyu0.32
 - Garis lintang31° 20′ N to 37° N
 - Garis bujur109° 3′ W to 114° 49′ W
Populasi Rangking 16th ing AS
 - Total6,338,666
 - Kapadhetan45.2/sq mi 
17.43/km² (36th in the US)
Elevasi 
 - Titik paling dhuwurHumphreys Peak[1]
12,633 ft  (3,851 m)
 - Mean4,100 ft  (1,250 m)
 - Titik paling cendhèkColorado River[1]
70 ft  (22 m)
Mlebu Union 14 Fèbruari, 1912 (48th)
GubernurDoug Ducey (R)
Lètnan GubernurNone[2]
SenatorVacant
Jeff Flake (R)
Delegasi Konggrès4 Rep. and 4 Dem. (list)
Zona wektu 
 - Most of StateMountain: UTC-7
 - Navajo NationMountain: UTC-7/-6
CekakanAZ Ariz. US-AZ
Situs webwww.az.gov

Arizona iku saka patang praja pojok (Four Corners). Nagara iki wewatesan karo New Mexico, Utah, Nevada, California, nyénggol Colorado, lan duwé tapel wates internasional 389-mile (626 km)karo nagara bag'eyan Sonora lan Baja California ing Meksiko. Saliyané Grand Canyon, akèh alas taman nasional lan konsèrvasi kang dumunung ing praja iki.

Géografi

Arizona dumunung ing sisih kulon minangka salah siji praja pojok ing Amérika Sarékat. Arizonaiku nomer enenm paling jembar, sawisé New Mexico lan sangisoré Nevada. Saka jembar watara 118,000 mil pesagis (306,000 km2), 15% diduwèni déning privat. Sisané wujud alas umum lan taman, papan rékréasi lan reservasi kang ndunungi asli.

Iklim

Littlefield dumunung ing sajabané Virgin River Gorge wujud komunitas kapencil ing Ara-ara Mojave.

Amarga jembaré wewengkon lan variasi èlevasiné, praja iki duwé kondisi iklim lokal kang manéka warna. Arizona duwé curah udan rata-rata taunan 12.7 inches (323 mm),[5]

KuthaJanFebMarAprMèiJunJulAguSepOktNovDes
Flagstaff43/1746/1950/2358/2768/3479/4182/5080/4974/4263/3151/2244/17
Phoenix65/4369/4774/5183/5892/66102/75104/81102/8097/7586/6373/5065/44
Tucson65/3968/4273/4582/5190/59100/68100/7397/7294/6884/5772/4565/39
Winslow47/2154/2662/3170/3779/4590/5493/6290/6184/5372/4058/2947/21
Yuma69/4374/4779/5186/5794/64103/72107/80105/80101/7390/6277/4968/42
Source: US National Climatic Data Center[6]

Sajarah

Dhémografi

Ing taun 2006, Arizona duwé populasi 6,166,318 jiwa,[7] yaiku panambahan 213,311, utawa 3.6%, saka taun sadurungé lan panambahan 1,035,686 jiwa, utawa 20.2%, wiwit taun 2000.

Réferènsi

Wacan

  • Bayless, Betsy, 1998, Arizona Blue Book, 1997-1998. Phoenix, Arizona.
  • McIntyre, Allan J., 2008, The Tohono O'odham and Pimeria Alta. Archived 2009-01-24 at the Wayback Machine. Charleston, SC: Arcadia Publishing, (ISBN 978-0-7385-5633-8)
  • Miller, Tom (editor), 1986, Arizona: The Land and the People. Tucson, AZ: University of Arizona Press. (ISBN 0-8165-1004-0)
  • Thomas, David M. (editor), 2003, Arizona Legislative Manual. In [1]. Phoenix, AZ: Arizona Legislative Council. Google Print. Retrieved January 16 2006.
  • Trimble, Marshall, 1998, Arizona, A Cavalcade of History. Tucson, AZ: Treasure Chest Publications. (ISBN 0-918080-43-6)

Cathetan suku

Pranala njaba

Situs resmi pamaréntah

Liya

Cithakan:Nagara pérangan Arizona