Brokoli

Brokoli (Brassica oleracea L. Golongan Italica) inggih punika tetuwuhan janganan ingkang mlebet suku kubis-kubisan utawi Brassicaceae.[3][4] Asalipun Brokoli punika saking laladan Seganten Tengah lan sampun dipunbudidhayakaken wiwit jaman Yunani Kuna.[3] Janganan punika mlebet dhateng Indonésia antawis taun 1970-an. Sapunika brokoli sampun dados salah satunggalipun janganan ingkang misuwur.[3] Manawi dados panganan, limrahipun dipungodhog utawi dipunkukus rumiyin, saged ugi langsung dipundhahar.[3] Cara ingkang langkung saé inggih punika kanthi dipunkukus rumiyin sadhèrèngipun dipundhahar.[3] Perkawis punika gadhah tujuan supados vitamin kaliyan nutrisi ingkang awrat ingkang wonten ing brokoli boten ical. Manawi dipungodhog saged ngicalaken kinten-kinten 50 % kandhungan asem folat ingkang wonten ing brokoli.[3] Nanging manawi badhé nggodhog brokoli saénipun boten dangu, kinten-kinten 5 menit kemawon.[3]

Brokoli
Brokoli
SpeciesBrassica oleracea
Cultivar groupItalica Group
OriginSaking Itali (2,000 taun kapengker)[1][2]

Gizinipun Brokoli

  • Brokoli gadhah ènergi, karbohidrat, vitamin, lan mineral ingkang migunani tumraping manungsa.[3]
  • Brokoli gadhah kandhungan lemak lan kalori ingkang sakedhik, boten gadhah lemak jenuh, kaliumipun inggil lan sodiumipun sakedhik, lan boten gadhah kandhungan kolesterol saéngga saé kanggé jantung.[3]
  • Brokoli gadhah kandhungan folat saéngga saé kanggé ibu-ibu ingkang taksih mbobot.[3]
  • Kandhungan vitamin C ing brokoli inggil sanget.[3]
  • Kandhungan kalsium ing brokoli inggil sanget kados kandhungan kalsium wonten ing satunggal gelas (71,8 mg kalsium brokoli sami kaliyan kalsium susu 120 ml).[3]

Cathetan suku

Pranala njawi