Burj Khalifa

Burj Khalifa (basa Arab: برج خليفة), wiwitanipun dipunmangertosi minangka Burj Dubai, inggih punika salah satunggalipun penyakar langit ingkang inggil sanget ingkang jumeneng ing Dubai, Uni Emirat Arab, lan ugi dados struktur wangunan manungsa paling inggil ing sajarah, inggilipun inggih punika 828 méter (2.717 kaki).[8] Wangunan punika dipunyasa wiwit tanggal 21 September 2004, lan struktur sisih njawinipun dipunsumadyakaken nalika tanggal 1 Oktober 2009 lan dipunbikak resminipun ing tanggal 4 Januari 2010.[9]

Burj Khalifa
LokasiDubai, Uni Emirat Arab
StatusSelesai
Groundbreaking21 September 2004
Pambukaan4 Januari 2010[1][2]
PanggunaanMixed-use
Dhuwur
Antena/Pucuk828 m (2,717 ft)[3]
Payon828 m (2,717 ft)[4]
Lantai Dhuwur621.3 m (2,038 ft)[4]
Detail teknis
Gunggung lantai160 lantai yang dapat dihuni[5]
Area lantai334,000 m2 (3,595,100 sq ft)
Perusahaan
ArsitèkSkidmore, Owings and Merrill
Insinyur
Struktural
Bill Baker at SOM[6]
KontraktorJoint venture between Samsung C&T, Besix; and Arabtec
Supervision Consultant & Architect of Record Hyder Consulting
Consutruction Project Manager Turner Construction
Grocon[7]
Planning Bauer AG and Middle East Foundations[7]
Lift contractor Otis[7]
VT consultant Lerch Bates[7]
DeveloperEmaar

Wangunan punika kalebet proyèk pembangunan ageng jembaripun 2 km persegi (490 hektar) ingkang dipunmangertosi minangka Downtown Burj Khalifa ing margi Syeikh Zayed, satunggalipun wewengkon paniagaan utami ing Dubai.[10] Skidmore, Owings, lan Merrill, LLP (Chicago) dados parancang menara punika.[10] Bill Baker, ketua proyèk damel wangunan punika, ngripta sistem struktur saéngga saged damel wangunan punika inggil sanget.[10] Adrian Smith ingkang nyambut damel sesarengan kaliyan Skidmore, Owings, lan Merrill (SOM) saéngga taun 2006, gadhah tugas minangka rekanan proyèk wangunan punika.[10]

Sedaya dana ingkang dipunanggé kanggé yasa menara punika inggih punika ngantos 1,5 milyar dollar Amérika, lan kanggé sadaya proyèk Downtown Dubai gunggungipun 20 milyar dollar Amérika.[11]

Cathetan suku

Pranala njawi